legenda petanahan, kebumen



Legenda Petanahan
Nalika semanan ana ing iring ngisor Gunung Slamet,  ana kadipaten Puncang Kembar. Sang adipati asma raden Citra Kusuma kang kagungan putri aran Dewi Sulastri. Dewi Sulastri banget sulistya ing warna mula  akeh jejaka kang kepengin nglamar dadi garwane. Adipati Bulupitu asma Jaka Puring kepengin mundhut garwa Dewi Sulastri. Mula Jaka Puring ngaturake panglamar marang Adipati Citra Kusuma lan panglamare ditampa amarga Jaka Puring kondang sakti mandraguna. Dadi amung ngawekani krodhane Jaka Puring. Wondene Dewi Sulastri mangu-mangu atur wangsulan marang kanjeng ramane amarga wis nduweni pilihan jejaka kang dadi watangati asma Raden Jono, lan maneh ora tresna marang Jaka Puring awit rupane elek tur nduweni cacat.
Raden Jono barengkrungu Dewi Sulastri dilamar Jaka Puring banget muntabe lan banjur ngaturake panglamar marang Adipati Citra Kusuma. Panglamare ditampa lamun bisa ngandhakake krodhane Jaka Puring. Raden Jono nyaguhi. Sawise panglamare ditampa, Jaka Puring ngajak Dewi Sulastri menyang kadipaten Bulupitu. Raden Jono banjur nututi jengkare Jaka Puring lan bisa ketemu. Nalika Jaka Puring lagi ngaso sinambi ngguyang jaran. Ing papan kono dumadi perang rame antarane prajurite Jaka Puring karo Raden Jono. Amarga papan kono kanggo ngguyang jaran mula papan kono dijenengi  Guyangan.
Jaka Puring saprajurite kasoran, perange banjur mlayu mangidul. Ing papan kono Jaka Puring sabalane padha ngaso sawetara. Prajurite akeh sing pada nandhang tatu lan ana uga sing tiwas. Prajurit sing padha tatu lan tiwas banjur didusi nganggo banyu sumur, anehe sing tatu dadi marine lan sing tiwas bisa dadi urip, mula papan kono dijenengi Padha Urip. Raden Jono sabalane nututi mangidul, campuhe prajurit banjur perang rame lan padha dene sayahe nganti pet-petan meh semaput, mula papan kono dijenengi Petanahan. Jaka Puring sabalane mlayu mangidul maneh. Raden Jono nututi nanging kelangan lacak satemah atine monga-mangu apa arep diterusake apa ora, mula papan kono dijenengi Munggu.
Jaka Puring mlayu mangidul mlebu alas gadhung saprajurite padha kesimpret-simpret wit gadhung, mula papan iku dijenengi Karang Gadhung. Jaka Puring mbacutake playune menyang pesisir. Ing kono Dewi Sulastri disingidake lan dierut ana grumbulan wit pandhan kang godhonge kuning, mula papan  kono dijenengi Pandhan Kuning. Ana grumbulan pandhan kuningg Dewi Sulastri bisa direbut dening Raden Jono. Raden Jono terus ngoyak Jaka Puring ngajab patine kareben bisa ilang kilipe. Jaka Puring mlayu ngalor ngulon mlebu padesan kang wong-wongane uripe wis padha reja, mula papan kono dijenengi Karangreja. Saka Karangreja Jaka Puring mlayu mangulon terus dioyak dening Raden Jono sabalane. Amarga perange anane wong tuwa padha buron mula papan kono dijenengi Tuwaburu. Prajurite Jaka Puring wis kentekan tenaga, atine nglokro lan maras atine ngadhepi wadya balane Radeb Jono kang semangate sansaya ngedap-edapi. Amarga prajurit padha maras atine mula papan kono dijenengi Moros. Jaka Puring ngelam-elami prajurite satemah tuwuh maning semangate. Ana ing satengahing marga nemokake kali cilik kang banyune mili ora tau asat. Wong kono ngarani criwikan. Prajurite Jaka Puring padha raup lan adus anan kono satemah bisa pulih tenagane. Jaka Puring sabalane bisa waluya jati kanthi adus ing criwikan, mula papan kono banjur dijenengi Criwik.
Sacedhake Criwik wong-wong padha kepenak utawa mulya uripe dadi petani tambak mula papan kono dijenengi Tambak Mulya.jaka Puring terus mlayu mangulon kepalang gunung karang. Kanthi kasektene Jaka Puring nabrake awake marang gunung karang nganti bolong, banjur papan kono diarani Karang Bolong. Jaka Puring terus dioyak dening Raden Jono wusana nyegur kali. Ana kali kasebut Jaka Puring ditamani pusaka Bungkul Kencana dening Raden Jono. Wusanane Jaka Puring sirna salah kedaden malah dadi baya, mula papan kono dijenengi Buayan. Manut critane wong-wong sakupenge tlatah kono terkadhang ana kang diweruhi siluman baya putih. 

Komentar